Rabu, 08 Januari 2014

Sadar

Kabeh menungso rumangsane paling sengsoro, paling rekoso. Kabeh sambat ngono. Dalane menungso dhewe-dhewe, dadi jenis sengsarane yo bedo-bedo. Sakjane urip ki wis dicepakke apa anane. Sing marakne duwe roso sengsoro ki mergane, apa sing kedaden, ora sepadan karo apa sing dikarepake awake dhewe. Lali nek pancene urip ki yo sengsoro kuwi mau.

Pancen konflik neng ndonya, ora iso dihindari. Tapi iso diadepi kanthi ikhlas. Lha carane ikhlas ki piye? Yo sadar kuwi mau. Mulane latian sadar ki ora setengah-setengah kudune. Aku iso ngomong tapi yo kadang lali marang apa sing kudu tak lakoni.

Siji meneh, nek wis sadar menowo urip ki wis ana dalane, kudune ora wedi marang nasib sok mben. Lak yo kudune ming "dilakoni wae", "que sera-sera", "whatever will be, will be". Lha rak kabeh bongso ungkapane podo, berarti sing dirasakne yo podo mestine. Iki jenenge ijih menungso sing urip neng ndonya.

4 komentar:

  1. wooooowwww....boso jowo rek ...apik apik beib hehehe

    BalasHapus
  2. suka tulisan iki temen-nya kk sepupu. Dan ternyata moco tulisan jowo, kudu konsentrasi, nranslate ng indonesia sik :D

    BalasHapus
    Balasan
    1. hu uh.. belajarlah bahasa jawa ya dede sepupu temenku.. hihihihihihih

      Hapus